JURNALIST IN THE WORLD

Rabu, 07 Maret 2012

disini, saya akan menampilkan cerita pendek namun di dalam bahasa jawa.

Rega Potongan

            Pakdhe Udin nyambut gawe ning toko klambi. Isuk sakdurunge toko dibukak, pakdhe Udin entuk pengarahan saka sing duwe toko. “Ning kene kabeh jenis’e klambi apa wae ana, wiwit saka klambi gawe bocah cilik nganti klambi sing kanggo wong gedhe ana, lengkap! Lan sing kudu kokweruhi, kabeh entuk rega potongan! Asik, to!” jarene wong lanang sing duwe toko klambi iku bombong. Pakdhe Udin ngguyu karo manthuk-manthuk wae. “Digawe klambi lan katok’e bocah cilik kabeh diobral, potongan’e 50 % alias di potong separone! Nah, yen klambi lan katok’e wong gedhe, sing lanang utawa sing wedok, potongan’e 25 % alias potong seprapate!” ngendikane sing duwe toko semangat. Pakdhe Udin meneng sedhela lan mikir. “awakmu jek bingung?” pakdhe Udin ditakoki sing duwe toko iku. Pakdhe Udin manthuk-manthuk karo ngukuri sirahe. “Sakjane tugasmu penak wae, yen wong tuku klambi gawe bocah cilik, langsung potongen 50 % utawa separone. Ya ngunu yen wong tuku klambi gawe wong gedhe, langsung wenehono potongan 25 % utawa seprapate! Aja ragu!” panjelasane sing duwe toko siji meneh. Pakdhe Udin ngguyu karo ndheloki klambi-klambi ning toko klambi iku. “Oo, dadi yen klambine bocah cilik langsung dipotong separone, yen klambine wong gedhe langsung potong seprapate! Ah, penak eram! Yen wayahe motong-motongan, Udin ancen jagone! Aja kuwatir kabeh mesthi beres!” ngendikane pakdhe Udin percaya karo dheweke.
            Bubar kuwi, ora suwi, toko klambi iku wiwit rame ditekani wong. Rata-rata wong-wong iku tertarik karo iklan toko sing nawarake rega potongan gedhe-gedhean. Akeh banget wong sing langsung mborong kabeh macem jenis klambi, wiwit bocah cilik nganti wong gedhe. Pakdhe Udin wis siap karo tugase. Bubar wong’e ngewehne blanjaan’e ning pakdhe Udin, wong lanang ceking iku langsung ngetokne gunting’e. ‘criing’ “klambi gawe bocah cilik langsung dikethok separo! Klambine wong gedhe langsung dikethok sprapat!” jarene pakdhe Udin karo nggunting klambi-klambi anyar iku tanpa ragu. Langsung kabeh wong tuku melongo ndhelok penggawean aneh’e pakdhe Udin iku. “lho kok, dikethoki?” pikir’e wong-wong ora entek ngertine. Nanging, pakdhe Udin panggah meneng wae, dheweke panggah ngguntingi klambi-klambi anyar iku, yen klambine bocah cilik langsung digunting dadi rong bagian pada gedhe. Lan yen klambine wong gedhe, diguntingi seprapat bagian.
            “Mas, kenapa klambi-klambi blanjaanku ko guntingi kaya ngunu to?” takok’e wong wedok sing tuku karo suwara gedhe. “Oh, niki sedoyo printah saking sing gadhah toko, Buk! Sedoyo sing mendhet ning toko klambi niki mesthi bungah atine amargi sedoyo oleh potongan, napa maleh sing motong Udin! Di mesthikne guntinganipun alus lan rata!” celoteh’e pakdhe Udin aneh. “N-nanging, mosok kudu diguntingi kaya ngunu iku? Bukan’e malah dadi rusak kabeh? Kepriye kudu nggawe klambi sing mung separo utawa seprapat ngene?” protes’e wong tuku liyane karo njajal kalmbi iku ning ngarep’e pakdhe Udin. “Kula mung njalanake printah saka sing gadhah toko niki, buk! Menika kula pikir niku modelipun klambi jaman sakniki?” oceh’e pakdhe Udin sing suwe-suwe ngawur.
            Krungu suwara sing rebut ning tokone, sing duwe toko iku cepet-cepet ning panggonan prakarane. Lan sing duwe toko kaget ndeleng kabeh klambi anyar sing dipilih wong tuku rusak diguntingi pakdhe Udin. “UDIIINN!!! Kena apa awakmu iki! Awakmu gendeng apa piye to! Lapo ko guntingi kabeh klambi-klambi anyar iki?! Hrrgh!!” sentak’e sing duwe toko karo wajah kereng. “lho, kepriye to Bapak niki? Napa bapak supe? Bukan’e bapak wau ngendika yen klambinipun bocah cilik langsung dipotong separo, klambinipun wong gedhe langsung dipotong seprapat! Nah, niki sedoyo kula lakoni! Dipastikne sedoyonipun pas ukuran!!” jawab’e pakdhe Udin nyantai. “Wo, ancen goblok!! Maksudku iku dudu klambine sing dipotong, nanging REGA klambine sing dipotong!! Yen regane 30ewu repes terus separone iku ya 15ewu repes, yen separate iku ya 7500 repes!! Waaduh, kacau kabeh iki!  Aku rugi akeh! Pokok’e, awakmu kudu ngganti rugi! Pokok’e ganti! Whaa,,, huaa…. Hiik… hiiik… arep untung kok malah bunting, gara-gara duwe pegawai sinting! Whaa… hhuuua.. hiik… hiiik…. Huuaa…!!” wong lanang sing duwe toko iku nyeneni pakdhe Udin karo nangis pegel.

diterjemahkan oleh _Yoshima

0 komentar:

Posting Komentar

Jurnalist Translator

English French German Spain Italian Dutch

Russian Brazil Japanese Korean Arabic Chinese Simplified
Translate Widget by Google

visitor *start June 2012

free counters

visitors

free counters

Pengikut

weather

Entri Populer

About Me

pinguin

fish

hamsterku ^_^

menus

SMS Online ^_^

follow my tweet


Hello !

welcome !

Powered By Blogger

Diberdayakan oleh Blogger.

for Allah SWT

pikacu cursor

Pikachu

twitter bird